Cerpen bahasa jawa (ngapak)

       Kaset


“Hanaaaaa……” nyong ngorong ngorong ngundang Hana batirku.
“Eh, Putri. Kaeh si Hana esih turu ngleker kaya kucing, di gugah bae ya kena nganah put wis jam wolu kaya kie koh urung tangi ya Hana tok kue tah. Ngeneh mlebu bae” ngendikanipun ibu Hana ngengken aku nggugah Hana. Kadya ingkang ibune Hana ngengken aku mlebet mawon.
“Assalamuailaikum” nyong langsung mlebu maring kamare Hana. Astaghfirullah, Hana esih kemulan, ngorok maning ora patut banget.
“Hana han wis awan tangi wooyy!!! Jere agep dolan” nyong ngomong madan rosa neng sebelah kupinge Hana. Ya tujuane tah ya kon Hana tangi.
“Heh? Apa?” Hana tangi kambi ngulet ngulet.
Hana wis tangi, nyong metu kang kamare Hana soale Hana juga arep adus. Sebenere tah aku arep dolan kambi Hana tapi esih kurang Hafshah karo Inas. Nyong langsung njukut hp neng tas ungu unyusse nyong. Hp jadul nokia bekasan ibune nyong tek nggo go sms hafshah.
“Hafshah, ko deneng urung maring nggone Hana? Ujarku ko wis maring ngene dadi aku langsung nggone Hana. Gagian Sah aja kesuen ya” kue isi smse aku nggo Hafshah.
“Put, sory ya aku tembeke tangi. Mau bengi tes ndeleng bal balan sih dadine ya aku begadang. Ko sue yah ngenteni aku?” Hana metu kang kamar kambi nyisiri rambute sing esih teles.
“Ya ora papa lah. Tapi Hafshah urung maring ngene Han.”
“Ya di enteni bae. Maning nyong be urung maem ngko ya dela, Put” jere Hana kambi mlaku maring dapur nggo jukut maem.
“Assalamualaikum” suarane Hana kang ngarep umaeh Hana.  Aku langsung metu nyamperi Hafshah.
“Hafshah, ko deneng sue sah?” nyong takon maring Hafshah
“Kue lah anu adine nyong nangis njaluk melu jajal. Ya dadine kudu nyimpe disit.” Hafshah nerangna maring aku, penyebab kenangapa Hafshah  dadi  sue banget
“Oh kaya kue” jawabku singkat
“Ayuh heh, jere arep pada dolan. Lah Inas endi? Di samper bae apa?” hana teka langsung takon
“Urung, Han. Ya disamper bae ya kena” omongku
“Bu, Hana lunga ya. Assalamualaikum” Hana pamit marang ibune.
~~~~~~~~----~~~~~~~~~
“Nas,Inas” nyong karo batir btire nyong nyeluk nyeluk Inas.
“Wa’alaikumsalam. Ana apa Put?” Inas takon
“Dolan yuh nas mumpung Minggu, kan ngesuk langka pr, langka ulangan” nyong mbujuk Inas kon Inas gelem melu.
“Laah, sory ya put. Nyong ora bias melu. Soale nyong kambi ibune arep maring purwokerto tuku klambi” Inas nerangna angger Inas ora bias melu.
“Oh ya wis lah ya, Nas. Assalamualaikum”
“Ya. Wa’alaikumsalam”
Akhire nyong dolan mung teluan tok, aku, Hana, kambi Hafshah. Dewek mutusna arep maring pasar. Sebenere tah aku ora gawa duit nggo maring pasar ya dadine dewek pada mlaku tung sawah nggo maring pasar.
Tekan neng sawah pada ribut soale ana kandang wedus.
“Ih mambune sapa geh! Prengus retung” nyong gotak gara gara mambu prenguse wedus
“Mambune ko kueh urung adus, Put. Hahahaha” Hafshah ngguyu ngakak
“Ih kue mbok batire aku lah” jere Hana tiba tiba melu ngomong
“Hahaha.. Batire ko wedus kabeh” nyong ngguyu ngakak ngasih kepuntal puntal krungu kata katane Hana.
“Hahaha.. Batire aku mbok ko pada. Berarti secara tidak langsung ko weduse gweh. Hahahaha” Hana ngguyu rosa retung ngasih weduse ya melu moni ‘mbek mbek’ kaya nyetujuni apa sing Hana ngomong
“Asem!” nyong karo Hafshah ngomong bareng.
                                               ~~~~~~~~~~~~~----------~~~~~~~~~~~~~            
“heh, dewek sih maring pasar arep ngapa?” nyong takon maring batirku, soale kawit mau batirku ora ngomong tujuan maring pasar kue arep ngapa.
“Mbuh gweh aku tah gari melu” Hafshah ngangkat pundak
“Aku pengen tuku kaset coboy junior” Jere hana singkat
“Ko nggawa duit?” takonku penasaran
“Inalilahi gusti Allah pangeran kanjeng nabi Muhammad! Aku ora njaluk duit” terang Hana madan alay
“terus piwe tukune? Hana Hana..” nyong nggeleng nggelengna sirah nggo tanda aku heran maring Hana.
“Alah mamane mamane.. piwe yoh? Mikir mkir!” Hana ngomong kambi mikir
“Lassshhh… ko kepriwe sih Han? Bisa bisane loh” Hafshah pada bae mung nggeleng nggelengna sirah tanda heran
“Eh kue ko nggawa tas,Sah. Aku nyilih duite ko disit lah. Ya,Sah” Hana mohon maring Hafshah.
“Ya jajal aku tiliki” Hafshah mbukak tase nggo niliki apa deweke nggawa duit apa ora.
“Lah ora Han. Terus dadine kepriwe?” Hafshah ngomong kambi madan nyesel.
“ Ya wis lah aku due rencana” Hana ngomong banget optimise
“Apa?” Nyong takon penasaran.
“Rencana pertama nyolong kang bakul kaset, rencana keloro dewek mohon mohon maring bakul kasete” Hana nerangna rencanane sing ujare Hana bakal berhasil
“Hah? Mong lah aku tah.. Masa nyolong” ujarku nolak
“Iya Han aku ya moh lah” Hafshah ya nolak ajakane Hana
“Tenang  bae, aku ikih sing nglakukna. Ko gari pada melu. Ok!” Hana ngeyakina aku kambi Hafshah. “Ayuh lah Gari melu, ko pada ora gawa duit mbok?” Hana nambahi
“Lah aku tah gari melu ko bae lah Han” ujar Hafshah pendek
“Ya wis lah. Tapi aku ra melu melu” Ujarku nambahi.
~~~~~~~~~~~~~------------------~~~~~~~~~~~~~~~
            Nyong,Hana,Hafshah ndeleng ana bakul kaset, lah kebetulan retung gerobak kasete langka sing njagga. Nyong maca tulisan  “Saweg Sembahayang” kue tulisan sing ana neng nduwur gerobak kaset. Gerobake warna ijo, gerobak kue dodolan kaset neng ngarep toko emas.
            Nyong karo batir batirku mlaku lenggak lenggok biasa bae kon langka sing curiga maring gerobak ijo kue. Tapi, makin perek aku karo batirku ngubah cara mlakune dadi ngendap ngendap kaya maling arep nyolong umah.
            ‘Tap,tap,tap,tap’ nyong mlaku kedimik kedimik selangkah,selangkah wedi mbok ana sing weruh. Akhire, aku karo batirku tekan neng ngarep gerobak kaset kue. Hana ngulurna tangane nggo njukut kaset coboy junior kue, jane tah aku mandan wedi ‘dag dig dug dag dig dug dag dig dug dag dig dug’ ya Allah jantunge aku moni kenceng retung kaya arep copot.
            Dong Hana agep njukut kasete aku kya kerasa angger neng mburine kaya ana wong. Nyong makin wedi makin deg degan kie jantung. Wis mati gaya lah pokoke angger temenan ana wong kie tah.
            Kringete nyong pada metu, saking wedine kringete aku metu segede gede jagung. Dadine ya sepetit petit, londog, alon retung aku madep mburi nggo ndeleng ana wong apa ora nang mburine aku.
            Nyong noleh maring mburi ternyata eh ternyata ‘waahh ternyata ana wong’ nyong ngomong jero ati.
Nyong nyekel pundake Hana, padahal Hana wis olih kasete. Dadi Hana ngadep marep terus nggletakna kaset kue mau neng nggone.
“Nggolet apa yah dek?” tanglet bapak kui
“eee anu eee.. kulo… madosi kaset coboy junior pak, onten mboten?” nyong takon nggandet nggandet kaya saluran radio sing sinyale lagi angel
“ohh ana emmm ngko ya… lah kie ana” bapak kui ternyata bakul kaset.
“oh ya niku pak ingkang kulo padosi. Saged dipun nyobi pak?” Hana takon maring bakul kaset kue.
“oh bisa dek” sanjangipun bakul kaset, akhire kaset kue di jajal. Lah, ternyata kaset kue ora ndat ndet.
“piwe dek arep tuku apa?” bapak kui tanglet
“nggih pak. Mangke pak kulo mendet arto rumiyin” ujare Hana pendek. Hana pura pura ngrogohi sake sing ana neng klambi karo neng katok, sebenere tah ya Hana ora nggawa duit.
“Ya allah pak. Kulo mboten mbekto arto pak? Kulo ngutang rumiyin nggih pak? Ngenjang kulo saur pak. Kulo mboten ngapusi pak. Ngenjang kulo mriki malih” Hana mbukak ektinge sing sapa bae bisa ketipu
“piwe yah dek?” bakul kaset kui bingung
“Pak legh Pak kulo kesupen mboten mbekto arto pak, kulo saestu kesupen pak” Hana ngeyakina bakul kaset kue. “Pak kulo mboten bakal ngapusi pak” Hana nambahi
Hana mohon mohon terus maring bakul kaset kue. Ngasih ngasih wong wong pasar sing liwat karo sing ana neng ngarep dewek langsung pada ndelengna kelakuane Hana kue.
Tiba tiba ana ibu ibu teka maring bakul kaset terus takon
“pak wonten nopo?” ibu ibu kui tanglet marang bakul kaset
“kie bu ana bocah njaluk kaset piwe? Tapi ora nggawa duit” bapak kui njelasna marang ibunipun
“Dipun aturi mawon pak” sanjangipun ibu kui
“oh ya” pak bakul kaset maringi aku lan batirku kaset kui mau.
Akhire nyong karo batir batirku bisa olih kaset coboy junior ora nyolong. Tapi, jujur bae maring bakul kaset kue mau, ya untung akhire olih. Nyong ngguyu ngakak ngakak karo batir batirku kenangapa bisa pada percaya aktinge Hana kue, ya emang berhasil sih.
Kang kejadian kie aku bias nyimpulna, angger misalkan dewek arep ngapa ngapa lewih apik angger jujur soale jujur iku becik.


Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer