Babad (Sejarah) Desa Ajibarang


Narasumber         : Bp.Darli Nur Setyawan,SH.

 BABAD AJIBARANG



Sekitar tahun 1700-an neng jaman VOC Belanda ana kerajaan gede jenenge Kerajaan Mataram.Adipati kerajaan Mataram jenenge Adipati Amangkurat.Kerajaan Mataram musuhan kambi wong wong Belanda,tapi Adipati Amangkurat malah mbelani wong Belanda.Dadi,Adipati dianggap pengkhianat kerajaan lan arep di hukum mati.Sedina sedurung di hukum Adipati Amangkurat minggat saka kerajaan Mataram nunggang jaran lan nganggo klambi compang camping kaya wong mlarat.
Adipati Amangkurat terus nunggang jaran nyusuri alas alas. Wis seminggu Adipati Amangkurat ora madang lan ora ngombe,apa maning dong kue lagi mangsan musim panas,kekeringan neng ngendi ngendi,sawahe garing,kali kaline ya pada sat langka banyune. Gara gara wis seminggu ora ngombe Adipati Amangkurat ngelak,telake garing.Adipati Amangkurat teka maring umah warga warga nang kono,tapi langka warga sing gelem ngenei wedang nggo ngombe. Adipati Amangkurat terus nggoleti banyu tapi tetep ora nemu. Adipati teka maning maring umah warga tapi malah domeih,warga neng kono ora gelem ngenei banyu,sebabe deweke ya lagi angel banyu apa maning lagi musim kemarau.
Adipati Amangkurat kesuh lan ngomong "Dasar wong wong kene tah pada mangas lan brangas wonge pada pelit pelit,wonge pada AJI ning BARANG" Maksude Aji ning Barang berarti wonge pada pengaji maring barang,wonge pada nganggep barang kue berharga banget dadi wonge pada pelit.
Akhire nggon kue,siki di kenal wong wong desa AJIBARANG.


Komentar

Postingan Populer